Oleh: Rahmat Mashudi Prayoga
Arek-arek langsung melongo pas ngrungokno Menteri ESDM Bahlil ngomong tanggal 8 Desember 2025 soal “97 persen listrik di Aceh wes nyala”. Lho, iki beneran laporan resmi opo prank akhir tahun? Soale kok gak match blas karo kondisi lapangan.
Nang Aceh, wong-wong iseh akeh sing urip dalam kegelapan. Nyalakno pelita, lampu cas, genset, sampek HP kudu numpang ngecas neng warung kopi. Suarane genset sampek koyok suarane knalpot brong malam Minggu-rame, tapi megelno. Listrik PLN? Yo ngilang-ngilang, koyok mantan sing janji “arep balik” tapi akhire gak muncul.
Aceh ancene mari kenek bencana hidrometeorologi gede: banjir, longsor, jembatan pedot, tiang listrik roboh wis gak karu-karuan modele. Akeh kampung petengan. Tapi kok yo iso-iso’e Bahlil nyebut neng kamera tivi dengan pede pol, koyok Aceh dadi kota canggih dalam semalam.
Makane warga langsung nyeletuk, “97 persen iki ngomong soal listrik opo ngomong soal harapan Rek?.”
Ono sing guyon maneh: mungkin Pak Menteri nggawe kalkulator edisi ‘mbangun mood’, seng tombol plus’e iso nambah optimisme, bukan data.
Neng sosmed, warta Aceh rame ngepost video kampunge sing gelap gulita sambil ngomong,“Pak, iki kampungku mestine termasuk 3 persen seng gelap yo? Soale seng nyala cuma nyamuk lan lampu hati.”
Meme-meme lucu pun langsung berseliweran, misale gambar lilin tulisan: “Listrik 97 persen nyala. Sisane tak simpen nang njero ati ae.”
Padahal wong Aceh ora neko-neko. Ora nuntut angka sing wah-wah. Asline sing dibutuhno iku mung kejujuran, kerja bener, lan update lapangan sing opo anane. Nek iseh peteng, ngomong ae peteng. Opo susahe? Wong rakyat yo ngerti, bencana gede yo butuh waktu kanggo pulih.
Aceh lagi susah, butuh bantuan, bukan hiburan ala konferensi pers. Wong kono pengen lampu sing bener-bener murup, bukan statement seng cling cling tok neng TV.
Dadi, pesene arek-arek: “Lek arep nyebut angka, pastikno disek kondisi nang lapangane. Ojo sampek listrik e mati, tapi omongane sing nyala paling terang.”












